Jumat, 30 November 2012

Koleksi Lirik Lagu Bossanova Jawa

Bossanova Jawa – Lungiting Asmoro

Ciptaan : Sugeng TS/ Harrie S
Vokal : ??
Produksi : ??
Seprene nggonku ngenteni janji,
Janji prasetyaning ati
Kadung tresno mring sliramu,
Duh wong bagus, ra eling dino lan wektu
Ning ati katon ra biso ilang,
Soyo suwe soyo ra karuan
Nadyan mung tansah anggadang
Aku samar yen sliramu ra kelingan
Wong bagus tak anti-anti,
Jo pijer semoyo wae
Aku tresno karo kowe
Tegane atimu ojo gawe loro,
Iku ra prayogo
Aku ora bakal mundur,
Aku ora bakal mlayu
Yen durung nyanding sliramu
Ukurane tresno, dudu bondo
Nanging lungiting asmoro
reff :
kembali ke atas..seprene nggonku…
Ukurane tresno, dudu bondo
Nanging lungiting asmoro
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=HSI_BQK-2DU
 
 

Bossanova Jawa – Nagih Janji

Ciptaan : ??
Vokal : ??
Produksi : ??
Udan eluh, tumetes ing wayah wengi
Kroso trenyuh, rasane atiku iki
Iki tenan, opo yo mung ono ngimpi
Ra tak nyono sliramu kok kerso bali
Ora salah, yen sliramu nagih janji
Mung tekamu, kok yo ora wingi-wingi
Aku bungah, ning kudu kepriye iki
Saikine, aku uwis entuk ganti
Wis ono sisihanku, sing mlebu jroning atiku
Sak suwene sliramu ninggalke aku
Ojo kok salahke aku, ojo nesu karo aku
Wong tuaku, wis kebacut entuk mantu
Ora salah, yen sliramu nagih janji
Mung tekamu, kok yo ora wingi-wingi
Aku bungah, ning kudu kepriye iki
Saikine, aku uwis entuk ganti
reff :
Wis ono sisihanku, sing mlebu jroning atiku
Sak suwene sliramu ninggalke aku
Ojo kok salahke aku, ojo nesu karo aku
Wong tuaku, wis kebacut entuk mantu
Ora salah, yen sliramu nagih janji
Mung tekamu, kok yo ora wingi-wingi
Aku bungah, ning kudu kepriye iki
Saikine, aku uwis entuk ganti
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=-ZnsE2y-y8Y
 
 

Bossanova Jawa – Angin Wengi

Ciptaan : Handiman
Vokal : ??
Produksi : ??
Angin ing wayah wengi
Sumribit kroso jroning ati
Gegodhongan, podho gegojegan
Sajak koyo nyemoni
Ing wayah wengi iki,
Esemu, tansah nggodha ati
Ora kendhat, anggonku nimbali
Nanging, ora ono wigati
Atimu opo ra kroso,
Tengah wengi sliramu tak kangeni
Kapan sliramu, biso ngerteni
Ojo mung, paring janji
Sepine wayah wengi
Sansoyo angrerujit ati
Udan grimis, tumibo ing bumi
Soyo, kekes rasaning ati
reff :
Ing wayah wengi iki,
Esemu, tansah nggodha ati
Ora kendhat, anggonku nimbali
Nanging, ora ono wigati
Atimu opo ra kroso,
Tengah wengi sliramu tak kangeni
Kapan sliramu, biso ngerteni
Ojo mung, paring janji
Sepine wayah wengi
Sansoyo angrerujit ati
Udan grimis, tumibo ing bumi
Soyo, kekes rasaning ati
Udan grimis, tumibo ing bumi
Soyo, kekes rasaning ati
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=RkEwp_12bfw
 
 

Bossanova Jawa – Cinta Tak Terpisahkan

Ciptaan : Cak Diqin
Lk :
Duh denok gandholani ati, tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati, amung ono ing lati
Rasa sayangmu sudah pergi, tak menghiraukan aku lagi
Duh denok gandhOlani ati, tegane nyulayani
Pr :
Duh kangmas jane aku tresno, lilakno aku lungo
Ati ra kuat nandang roso, roso keronto-ronto
Cintamu sudah nggak beneran, aku cuma buat mainan
Duh kangmas jane aku tresno, lilakno aku lungo

reff :
Lk :
Tresno iki dudu mung dolanan,
Kabeh mau amargo kahanan
Sing tak jaluk amung kesabaran,
Mugi Allah paring kasembadan
Pr :
Mung ngedhem atiku, ben aku ra mlayu
Dan tanggung jawabmu, itu palsu

Lk :
Denok aku cinta beneran, pastikan ku buktikan
Bapak ibuku akan datang, melamar dikau sayang
Pr :
Cintamu sudah nggak beneran, aku cuma buat mainan
Duh kangmas jane aku tresno, lilakno aku lungo

reff :
Pr :
Duh kangmas jane aku tresno, lilakno aku lungo
Ati ra kuat nandang roso, roso keronto-ronto
Cintamu sudah nggak beneran, aku cuma buat mainan
Duh kangmas jane aku tresno, lilakno aku lungo

reff :
Lk :
Tresno iki dudu mung dolanan,
Kabeh mau amargo kahanan
Sing tak jaluk amung kesabaran,
Mugi Allah paring kasembadan
Pr :
Mung ngedhem atiku, ben aku ra mlayu
Dan tanggung jawabmu, itu palsu

Lk :
Denok aku cinta beneran, pastikan ku buktikan
Bapak ibuku akan datang, melamar dikau sayang
Pr :
Hatiku selalu mendoakan, semoga tuhan mengabulkan
Cinta kita tak terpisahkan, sampai dikahir jaman
Cinta kita tak terpisahkan, sampai dikahir jaman

sumber video http://www.youtube.com/watch?v=9cEAzL0Yhnc
 
 

Bossanova Jawa – Walang Kekek

Ciptaan : Anjarani
Vokal : ??
Produksi : ??
Walang kekek, menclok ning tembok
Mabur maneh, menclok ning pari
Ojo ngenyek, karo wong wedok
Tinggal lungo, setengah mati
Walang abang, menclok ning koro
Walang biru, walange putih
Bujang maneh, ora ngluyuro
Duwe bojo, yo ra tau muleh
E…ya..ye, ya ye..ya
Eya..yae..yai yaiyo..yaiyo..
Andheng andheng, ono pilingan
Jo dipandheng, mundhak kelingan
reff :
Walang ireng, mabur brengengeng
Walang ireng, dowo sothange
Yen kowe seneng, ojo mung mandheng
Golek ono, ngendi omahe
Walang kekek, walange kayu
Walang kayu, menclok ning lemah
Yen kepengen, arep melu aku
Yeng mung trimo, tak kon jogo omah
E…ya..ye, ya ye..ya
Eya..yae..yai yaiyo..yaiyo..
Biso nggambang, ora biso nyuling
Biso nyawang, ora biso nyandhing
reff :
Walang kekek, menclok ning tembok
Mabur maneh, menclok ning pari
Ojo ngenyek, karo wong wedok
Tinggal lungo, setengah mati
Walang abang, menclok ning koro
Walang biru, walange putih
Bujang maneh, ora ngluyuro
Duwe bojo, yo ra tau muleh
E…ya..ye, ya ye..ya
Eya..yae..yai yaiyo..yaiyo..
Andheng andheng, ono pilingan
Jo dipandheng, mundhak kelingan
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=8z_pTTV072Y

Tidak ada komentar:

Posting Komentar